Jumat, 10 April 2020

Contoh-Contoh Pidato Sambutan dalam Bahasa Jawa Untuk Upacara Pernikahan

Dalam prosesi pernikahan adat Jawa, tentunya akan ditemui acara sambutan berisi pidato, baik itu untuk menyambut para tamu undangan, pidato saat seserahan dari pihak calon pengantin pria, pidato diterimanya seserahan dari pihak calon pengantin wanita dan lain sebagainya.

Bagi yang sudah terbiasa membawakan acara atau mengisi sambutan dalam upacara-upacara adat Jawa, mungkin mudah saja membuat rangkaian isi pidato dalam bahasa Jawa untuk upacara prosesi pernikahan adat Jawa tersebut. Namun bagi yang belum terbiasa, mungkin akan kesulitan untuk merangkai kalimat dalam bahasa Jawa halus (krama inggil) agar sesuai dengan makna dan suasana yang hendak ditampilkan. 

Pidato pernikahan adat jawa
via republika.co.id

Pidato-pidato ini biasanya akan dibawakan oleh seseorang yang ditunjuk untuk mewakili pihak keluarga baik dari calon pengantin pria maupun calon pengantin wanita sesuai tujuan yang hendak disampaikan.

Nah, bagi anda yang sedang membutuhkan contoh pidato dalam bahasa Jawa untuk upacara adat pernikahan Jawa, berikut ini ada beberapa contoh pidato sambutan yang mungkin bisa anda jadikan sebagai rujukan. 

Contoh Pidato Sambutan Selamat Datang Untuk Tamu Undangan (Kawilujengan) 

Contoh 1

Assalamu'alaikum WR. WB. 

Kawilujengan, katentreman sih wilasa saha nugrahanipun Gusti Ingkang Mahakawasa, mugi tansah kapatedhakna dhumateng kula sadaya wonten ing pahargyan punika. 

Kula nuwun. 

Saderengipun katuraken esthining sedya keparengna kula ndherekaken saha ndherek para tamu sadaya, boten kendhat-kendhat munjukaken puja-puji sukur wonten ing ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Jagad. 

Awit peparing rahmat, wujud pinten-pinten raos nikmat ing antawisipun wonten ing wanci punika penjengan kula sadaya ginanjar bagas waras kiyat. 

Para tamu kakung-putri ingkang sinuba ing pakurmatan. 

Kula hingkang kasaroya Bapa ..... (Orang tua/Ayah calon pengantin) kalilana kula matur:

  1. Ngaturaken pambagya wilujeng saha matur sanget nuwun, awit kepareng panjenengan sampun kersa rawuh wonten ing papan pahargyan punika, mituruti-minangkani panyuwunipun Bapa ..... (Orang tua/Ayah calon pengantin). Mila boten mokal rumaos suka gembiraning manah bebasan kajugrugna wukir sari kaeroban seganten madu, bombong kabegan ing kabagyan panggalihipun. 
  2. Matur nuwun sanget sedaya peparingipun tali asih tanda tresna ingkang awujud punapa kemawon, sampun katampi kanthi bingah katarimah ing manah, mugi dadosa ngamal kasaenan penjenengan saha angsala ganjaran ingkang murwat saking Gusti Ing Murbeng Jagad. 
  3. Ugi matur nuwun katur para tangga tepalih, sanak kadang, mitra sutresna ingkang paring pambiyantu, penyengkuyung arupi bahu-suku, panggalihan, eguh pratikel, rerigen, saha sanes-sanesipun mrih rancak, lancar, regeng kaleksananipun pahargyan punika.

Para tamu ingkang winengku suka basuki. 

Kaperluan ing dinten punika kados sampun kaserat wonten ing serat sedhahan, Bapa ..... (Orang tua/Ayah calon pengantin) kagungan kersa hangemah-emahaken putra pawestrinipun ingkang anama Rr. ... (Nama Mempelai Wanita) kadhaup Bg. ...(Nama Mempelai Pria) putranipun Bapa/Ibu ...(Orang tua mempelai pria) ing Ngayogyakarta (Contoh). 

Kaleksanan ijab, panggih, saha tata cara adat kejawen sanes-sanesipun awit rahmating Gusti Ingkang Mahaagung wimbuh kasembuh pudyastutinipun para tamu kakung-putri, ginanjar wilujeng tanpa pambeng, rahayu tanpa rerindu, yuwana nis ing sambekala. 

Salajengipun nyuwun tambahing pengestu para tamu, mugi-mugi panganten kekalih tansah rukun, runtung-runtung rerentengan suka bagya mulya, tansah runtut atut, wohing atut pinaringan patutan putra ingkang hanung-hanindhita (maksudnya, anak yang baik lahir batinnya, membahagiakan orang tuanya, serta berguna bagi Nusa, Bangsa, dan Agamanya). 

Para tamu kakung-putri ingkang winantu ing suka rena. 

Niyating manah lan panjangkah, tansah mbudi daya panampi kula, mugi para tamu karenan ing driya.

Ewa dene kok inggih wonten kemawon kekiranganipun, wiwit atur sedhahan ingkang boten trep, asma-sesebatan, kalenggahan, saha sanes-sanesipun, boja saha subasitanipun. Ingkang punika kula nyuwun gunging pangapunten. Ing wasana, kula piyambak kiranging tata krami, nalisiring kasusilan ingkang njalari kirang renaning panggalih, kasuwun halapang jaja hangluberaken agunging samodra pangaksama. Nuwun. 

Wassalamu'alaikum WR. WB. 

Contoh 2

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Para pinisepuh, para bapak, ibu, saha kadang sumitra sinedhahan

Karahayon peparingipun Pengeran, satemah penjenengan kula sedaya saged pinanggih linimputan ing karaharjan. Wajib tinanggapan hing sembah sukur trusing batos.

Salajengipun mangga, tansah nyenyuwun ing Gusti mrih nugraha peparing kang Mahaagung punika, lumastariya dados pepayung ing sapanginggil ing sadayanipun.

Pambage wilujeng kula, kaaturna utawi dhumatenga para sinedhahan, sarta agunging katarimah dene panjenengan sedaya sampun kersa merlokaken hanjenengi utawi hangestreni ijab kalajengaken panggihing panganten, Rr. Dyah Raras Puspita (Contoh/mempelai wanita) kadhaup angger Bg. Setyo Nugroho(Contoh/mempelai pria), sampun kalampahan wilujeng sepen ing sambekala.

Ingkang punika kula suwunaken tambahing pangestu utawi panjurung pepuji mugi lestariya widada jejodhohanipun panganten, runtut salajengipun atut temah tutug terah tumerah ingkang sami bebesanan, kanthi tetangsul turun tan hamastani jalu wanita punapa dene cacahipun. Ing pangesthi momongan ing benjing, mugi boten handadosaken ribeting balewisma.

Tumrap saliring tandha tresna ingkang sampun katampi, ngaturaken sanget agunging panuwun. Nanging panalangsaning manah, bilih anggenipun males sih amung kasumanggakaken ing Pengeran Ingkang Mahawicaksana, hangganjara wilasa ingkang langkung ing sabobot katimbang luhuring budinipun para lila-legawa ing penggalih.

Wasana tumrap kirang jengkeping subastanipun ingkang hatur-hatur kersaa halapang jaja, kanthi ngluberaken samodra gung pangaksama.

Kajawi ugi kasuwun keparenga hanglajengaken lelenggahan sarwi sesanti-sesanti "rahayu wilujeng winantu ing sukarena".

Wassalamu'alaikum Wr. Wb. 

Contoh Pidato Sambutan dari Pihak Mempelai Pria (Pasrah Paningset) 

Contoh 1

Assalamu'alaikum WR. WB. 

Kula nuwun. 

Bapa ... (Ayah dari calon mempelai wanita) sekalian hingkang winengku ing pakurmatan. 

Sowan kula dipunsaroya Bapa ... (Ayah calon mempelai pria) kekalih, saking Tlatah Ngayogyakarta Hadiningrat (Contoh) kadhawuhan matur ing ngarsa panjenengan. 

Atur ingkang kapisan, kula hangaturaken salam wilujengipun Bapa ... (Ayah calon mempelai pria) kekalih, mugi katur Bapa ... (Ayah dari calon mempelai wanita) sakulawarga tansah hamanggya suka basuki. 

Ingkang kaping kalih, kadhawuhan hangantepaken rembag ingkang sampun gumalong hanggenipun Bapa ... (Ayah calon mempelai pria) kekalih, badhe mundhut mantu putra estri panjenengan pun Rr. ....(Nama mempelai wanita) badhe kajodhohaken kaliyan pun Bg. ... (Nama mempelai pria), putra jaleripun Bapa ... (Ayah calon mempelai pria) kekalih, ingkang punika kula kadhawuhan haningseti rembag sesambetanipun Rr. ....(Nama mempelai wanita) kaliyan pun Bg. ... (Nama mempelai pria). 

Kajawi punika, kula ugi kasaroya hangaturaken abon-abon sawatawis minangka rerangkening paningset, mugi Bapa ... (Ayah dari calon mempelai wanita) keparenga hanampi. Dene, menggah kalajenganing lampah jejodhoanipun lare kekalih punika kula hamung sumangga hing keparengipun Bapa ... (Ayah dari calon mempelai wanita) sekaliyan. 

Dene minangka pungkasing atur kula, kula nyuwun pangapunten sedaya kekirangan kula nalika matur saha sowan. 

Sapisan malih kula nyuwun pangapunten. Ing wasana cekap semanten atur kula. Nuwun. 

Wassalamu'alaikum WR. WB. 

Contoh 2

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti Ingkang Mahaasih mugi tansah comondhok wonten ing panjenengan sami.

Kairing sagunging pakurmatan.
Ibu saha Bapak Sudarmaji (Contoh/ Orang tua mempelai wanita) tuwin para putra-putri, dalasan sagung kulawarga, miwah para rawuh.

Nuwun, keparenga matur, minangka sesulihipun ibu saha Bapak Gunawan Wibisana (Contoh/ Orang tua mempelai pria) sakeluwarga, kula kadhawuhan masrahaken panganten kakung pun Bagus Setyo Nugroho (Contoh/mempelai pria) katur Ibu saha Bapak Sudarmaji.

Wondene kalampahanipun makaten, kala wau wanci tabuh 09.00 panganten kakung kula pendhet saking dalem jalan Sinar Kencana Raya 4 Semarang (Contoh), kanthi kairing para sepuh, kulawarga, sanak kadang, mitra pitepangan sawatawis, kula bekta sowan dumugi ing dalem Jalan Mangga 27 Temanggung (Contoh) ngriki, kalayan gangsar saha gancar.

Pramila, ngembun saha ngemban dhawuh wigatosing sedya, keparenga ing samangke panganten kakung kula pasrahaken saha kula sumanggakaken katur ibu saha Bapak Sudarmaji cundhuk kaliyan lampahing upacara.

Wasana kula nyuwun pangaksami mbok bilih anggen kula nindakaken ayahan punika wonten ingkang kirang ndadosaken pirenaning panggalih.

Wassalamu'alaikum Wr. Wb. 

Contoh Pidato Sambutan dari Pihak Mempelai Wanita (Nampi Paningset)

Contoh 1

Assalamu'alaikum WR. WB. 

Nuwun. 

Bapa ... (Ayah calon mempelai pria) hingkang winengku ing karahayon. 

Kula hingkang kapiji Bapa ... (Ayah dari calon mempelai wanita) kekalih, langkung rumiyin kula hangaturaken pambagya wilujeng rawuh panjenengan sakadang.

Salajengipun kaparenga kula hanampi salam wilujengipun Bapa ... (Ayah calon mempelai pria) sekaliyan, hingkang mangke nuli badhe kula aturaken dhumateng Bapa ... (Ayah dari calon mempelai wanita) kekalih. 

Kajawi hingkang punika, sadaya paring pangandika panjenengan kados sampun cetha trawaca, Bapa ... (Ayah dari calon mempelai wanita) kekalih hangaturaken sanget agunging panuwun hawit sadaya paparingipun Bapa ... (Ayah calon mempelai pria) minangka abon-aboning paningset. 

Dene menggah kalajenganing tata cara badhe dhaupipun Rr. ....(Nama mempelai wanita) sarta Bg. ... (Nama mempelai pria) sampun wonten hing pamurbanipun Bapa ... (Ayah dari calon mempelai wanita) kekalih. 

Salajengipun kula ndherek nitipaken salam wilujengipun Bapa ... (Ayah dari calon mempelai wanita) kekalih mugi katur hing Bapa ... (Ayah dari calon mempelai pria) sakaliyan winantu hing sasanti, mugi tansah rahayu hingkang sami pinanggih. 

Mugi wontena keparingipun Bapa ... (Ayah dari calon mempelai pria) sakadang hanglajengaken lelenggahan wonten papanggihan tata cara ringkes hing wiwahan punika ngantos dumugi saparipurnanipun. 

Hing wasana kula nyuwun pangapunten hawit anggen kula hanampi rawuh panjenengan, saha kirang runtuting anggen kula matur. 

Kados cekap semanten atur panampi kula. Nuwun. 

Wassalamu'alaikum WR. WB. 

Contoh 2

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti Ingkang Mahaasih mugi tansah kajiwa kasarira wonten ing panjenengan sami.

Kairing sagunging pakurmatan.
Ibu saha Bapak Gunawan Wibisana (Contoh/ Orang tua mempelai pria) tuwin para putra putri, dalasan agung sakeluwarga, miwah para rawuh.

Nuwun, tumanggap pangandikanipun Bapak Drs. Santoso Wijaya (Contoh/ pembicara dari pihak mempelai pria) ingkang anyulihi ibu saha Bapak Gunawan Wibisana amasrahaken panganten kakung, keparenga matur, minangka sulih sarira Ibu dalah Bapak Sudarmaji, kula kadhawuhan nampi pasrahing panganten kakung ing dalem jalan Mangga 27 Temanggung (Contoh) ngriki.

Pramila, keparenga amratelakaken bilih ing samangke wanci tabuh 10.00 anggen panjenengan masrahaken panganten kakung kula tampi kanthi sae, andadosaken bombong dalah bingahing manah, saha sumangga sami sukur ing Gusti Allah Ingkang Mahaasih.

Salajengipun panganten kakung badhe sarimbit kaliyan panganten putri pun Dyah Raras Puspita (Contoh/ mempelai wanita) dumungkap upacara candhakipun.

Kula nyuwun pangapunten mbok bilih wonten kakirangan tuwin kaladuking panampi.

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

Itulah Contoh-Contoh Pidato Sambutan dalam Bahasa Jawa Untuk Upacara Pernikahan (Pengantenan). Pidato-pidato di atas dikutip dari tulisan WahYou Eka Solo, dengan sedikit perubahan yang dimuat dalam buku Kabeh Bisa Basa Jawa. Demikian. Semoga bermanfaat.

Artikel Terkait

Anda sudah membaca Contoh-Contoh Pidato Sambutan dalam Bahasa Jawa Untuk Upacara Pernikahan

Forum Karang Taruna Kecamatan Gandusari.